Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,
Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.