PANGENTASAN 8:19 - Kitab Sutji19 Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah. Faic an caibideil |
Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”
Wangsulane wong-wong iku: “Manawi badhe mangsulaken pethining Allahipun Israel punika, sampun dipun wangsulaken kanthi nglaha, panjenengan kedah ngaturaken tebusaning kalepatan dhateng Panjenenganipun; panjenengan lajeng badhe sami saras lan badhe mirsa, punapa sebabipun, dene astanipun boten mundur saking panjenengan.”
Nunten sami migatosna: manawi pethi punika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih Panjenenganipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangretos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita; namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita!”