18 Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrane sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kewan.
Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese.
Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.
Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.
Endi wong-wongira kang wicaksana? Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir.
Sawuse mangkono para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha sowan ngadhep sarta ingsun nuli nyariyosake supena mau marang wong-wong iku, nanging padha ora bisa ngunjuki uninga bab maknane marang ingsun.
Nanging sakehing wong wicaksana, abdine Sang Prabu kang wus padha sowan iku, padha ora saguh maca tulisan mau lan ora saguh ngunjukake maknane marang Sang Prabu.