Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:14 - Kitab Sutji

14 Bathange banjur dikumpulake nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:14
11 Iomraidhean Croise  

Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.


Bareng wus kliwat wayah tengange, ngarepake wayahe nyaosake kurban sore, polahe kaya wong kang padha kepanjingan, nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli, ora ana tandha yen kagatekake.


Iwak-iwak ing bengawan Nil padha mati, temahan bengawane mambu bacin lan wong Mesir ora bisa ngombe banyune bengawan Nil, sarta sawratane tanah Mesir kebak getih.


Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Pangeran Yehuwah banjur nindakake mangkono mau: ana laler cathak akeh banget kang padha ngebyuk ing kedhatone Sang Prabu Pringon lan ing omahe para abdine apadene ing sawratane tanah Mesir; tanahe nganti rusak dening laler cathak iku.


Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.


Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho, para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho. Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon: “Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana, turunipun para ratu ing jaman kina?”


Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa, lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane; iku wus padha kadhewekake bakal katumpes lan kapasrahake supaya padha disembeleh.


Ing dina iku Ingsun bakal maringi papan marang Gog kang bakal kanggo ngubur dheweke ana ing Israel, yaiku Lembah Panyabrangan ing sisih wetane sagara, lan kuburan iku bakal ngalang-alangi wong-wong kang padha nyabrang. Gog lan sakehe golongane bakal kakubur ana ing kono sarta papan iku bakal kasebut Lembah Golongane Gog.


Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira, lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing, pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan, lan pethiting pabarisane ing sagara kulon, nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger, awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan