Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 8:12 - Kitab Sutji

12 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta Nabi Musa banjur nyebut marang asmaning Sang Yehuwah gegayutan karo kodhok-kodhok kang wus ditekakake ngebyuki Sang Prabu Pringon mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 8:12
10 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak, lan lemud-lemud ing satanah kabeh;


Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta ndedonga marang Pangeran Yehuwah.


Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?


Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.


Sawuse mangkono Nabi Musa mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, banjur nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan