PANGENTASAN 8:11 - Kitab Sutji11 Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.” Faic an caibideil |
Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”