9 “Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”
Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.
Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.
“Sira nyuwuna sawijining pratandha marang Sang Yehuwah Gusti Allahira, sanadyan iku saka ing jagading wong mati kang ana ing ngisor dhewe utawa saka ing panggonan kang dhuwur dhewe, kang ana ing ngaluhur.”
Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.
Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”
Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”
Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?