Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.
Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.
Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.
Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.
Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;
Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.
Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.