Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.
Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.
Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.
Sira ngucapna sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira, lan Harun kakangira, kang banjur matur marang Pringon, supaya nglilanana wong Israel lunga saka ing tanahe.
Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.