Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 7:5 - Kitab Sutji

5 Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 7:5
20 Iomraidhean Croise  

Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.


Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe, sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.


Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.


Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.


Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.


Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamring kabeh isining nagara uga sirna, lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni, ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa.


Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,


Sarta Ingsun bakal nedahake asmaningSun kang suci ana ing satengahing umatingSun Israel lan Ingsun ora bakal marengake maneh asmaningSun kang suci kanajisake, satemah para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci ing Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan