PANGENTASAN 7:23 - Kitab Sutji23 Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau. Faic an caibideil |
Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.
Iku banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kalawan tliti, rungokna lan gatekna kang temenan samubarang kabeh kang bakal daktuduhake marang kowe; amarga iya iku prelune anggonmu kabekta mrene, yaiku supaya aku nuduhake iku kabeh marang kowe. Kabeh kang kokdeleng iki caritakna marang turune Israel.”
Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.