Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 7:20 - Kitab Sutji

20 Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 7:20
14 Iomraidhean Croise  

Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”


banyune kasabdakake malih dadi getih, sarta iwake padha dipateni.


Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe;


Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.


Iwak-iwak ing bengawan Nil padha mati, temahan bengawane mambu bacin lan wong Mesir ora bisa ngombe banyune bengawan Nil, sarta sawratane tanah Mesir kebak getih.


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah, iku ditindakake kabeh.


Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen, punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika? Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika, dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?


Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan