2 Sira ngucapna sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira, lan Harun kakangira, kang banjur matur marang Pringon, supaya nglilanana wong Israel lunga saka ing tanahe.
Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”
Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.
Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”
Nanging Nabi Musa munjuk ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Kawula punika rak boten saged micara, kados pundi Sang Prabu Pringon anggenipun badhe miyarsakaken atur kawula?”
Nanging sira iki, becik samektaa, ngadega lan tekakna marang wong-wong iku, kabeh kang Sundhawuhake marang sira. Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku.
Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja matur: Kawula punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.
“He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Manawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun.
Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.