Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 7:17 - Kitab Sutji

17 Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 7:17
30 Iomraidhean Croise  

Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”


Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”


banyune kasabdakake malih dadi getih, sarta iwake padha dipateni.


Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe;


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe, sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.


Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”


Nanging pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sapa ta Yehuwah iku, kang prentahe kudu sunestokake bab nglilani lungane wong Israel? Ingsun ora wanuh karo Yehuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungane wong Israel.”


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”


Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.”


satemah tanah Mesir banjur dadi sepi mamring lan dadi reruntuhan. Ing kono banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. Ing sarehne sira celathu: Bengawan Nil iku ingsun kang kagungan, ingsun kang gawe,


Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.


Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamring kabeh isining nagara uga sirna, lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni, ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Bumi Sunombeni getihira kang mili, uga gunung-gunung, sarta dhasar-dhasaring kali bakal kebak getihira.


Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana.


Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.


sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.


Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem.


Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.


Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan