15 Sira sowana marang Pringon ing wayah esuk, yaiku yen mbeneri metu menyang bengawan kaya adate, sira ngentenana ana ing sapinggire bengawan Nil karo nyekel teken kang maune malih dadi ula.
Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk.
Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,
Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.