Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 7:13 - Kitab Sutji

13 Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 7:13
24 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.


Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Israel padha lunga.


Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temahan ora nglilani lungane para umat.


Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Siji-sijine padha nguncalake tekene, lan teken-teken iku padha dadi ula, nanging tekene Rama Harun nguntali teken-tekene wong-wong mau.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine Pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.


Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”


Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”


Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Galihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temah ora nglilani lungane wong Israel, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.


Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,


Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.


Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.


Punapa ta sebabipun, dene panjenengan sadaya kok sami mangkotaken panggalih, kadosdene tiyang Mesir saha Prabu Pringon? Punika rak sami ngetogaken kemawon, nalika bangsa punika kesah, inggih punika rikala Panjenenganipun damel dolanan tiyang-tiyang wau?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan