Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.
Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.
He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.