PANGENTASAN 7:11 - Kitab Sutji11 Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane. Faic an caibideil |
awit ing karajane Sang Prabu ana wong kang kapenuhan ing rohe para dewa kang suci! Nalika jamane rama dalem wong iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang kaya kawicaksanane para dewa. Iku wus kawisudha dening Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem, dadi tetindhihe para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum,
Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.”