Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 7:1 - Kitab Sutji

1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 7:1
11 Iomraidhean Croise  

Panjenengane gentos ngandika marang Lut: “Iya wis, dakjurungi panyuwunmu, kutha cilik kang kokaturake iku bakal ora daktumpes.


Nabi Elia banjur mbopong bocah mau lan dibekta mudhun saka ing kamar ing dhuwur menyang ing omah sarta dipasrahake marang ibune. Pangandikane Nabi Elia: “Enya, iki anakmu, wus urip!”


Anadene Nabi Elisa lelenggahan ana ing daleme karo para pinituwa. Sang Nata utusan wong ndhisiki panjenengane, nanging sadurunge kang kautus mau tekan ing ngarsane Nabi Elisa, Nabi Elisa wus ngandika marang para pinituwa iku: “Apa kowe padha sumurup, si tukang mateni iku kongkonan wong ngethok guluku? Padha sing awas, manawa kongkonan iku teka, banjur enggal-enggal inebana lawang sarta wonge iku dedelen ing lawang, supaya ora bisa lumebu. Swaraning tindake gustine rak wus keprungu ana ing buri?”


Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure, ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;


Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. –


Padha nitenana! Pangeran Yehuwah wus maringake sabat iku marang sira, mulane ing dina kang kaping nem sira padha diparingi roti kanggo rong dina. Kang iku wong kabeh padha lerena ana ing omahe dhewe-dhewe, aja ana wong siji bae kang metu saka ing panggonane ing dina kapitu iku.”


Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana.


Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.”


Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku – makaten pangandikanipun Gusti Allah – bakal Sunadili, lan sawise iku, bakal padha metu saka ing kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan