Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:7 - Kitab Sutji

7 Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:7
50 Iomraidhean Croise  

Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.


Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”


supaya sakehing bangsa ing bumi padha sumurup, manawa Sang Yehuwah iku Gusti Allah, lan ora ana liyane,


Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.


Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.


Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf, nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir. Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.


Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.


“Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.”


Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha ngandika marang wong Israel kabeh: “Mengko sore kowe bakal padha sumurup yen kang ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku Pangeran Yehuwah.


Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,


supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup, nggatekake lan ngreti, manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabeh sarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake.


Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”


Ingsun bakal meksa para wong kang nindhes sira supaya padha mangan daginge dhewe, tuwin wong iku bakal padha mendem nalika padha ngombe getihe dhewe, kaya mendeme wong ngombe anggur anyar, iku supaya umat manungsa kabeh padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, iku Pamartanira, sarta Juru Panebusira, Kang Mahakwasa, Allahe Yakub.”


Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. – Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.


Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning karajan-karajan; ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Yakub.


Panjenenganipun rak sampun ngandika: “Iku sanyata umatingSun, putra-putra kang ora bakal tumindak culika,” mila Panjenenganipun dados Pamartanipun


Dene sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira.”


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira, mulane sira kudu padha nucekna awakira lan sira kudu padha suci, marga Ingsun iki suci, sarta sira aja nganti padha ndadekake najisira marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngirid sira mentas saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; sira padha dadia suci, marga Ingsun iki suci.


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”


Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”


Lan ing dina iki uga Sang Yehuwah wus nampeni janjimu, yen kowe mesthi dadi umat kekasihe, kaya kang kaprasetyakake marang kowe lan manawa kowe bakal netepi sakehe dhawuhe.


padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;


supaya ing dina iki kowe diangkata dadi umat kagungane sarta Panjenengane dadia Gusti Allahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe lan kaya kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.


Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;


Mangka kowe iku padha dipilih dening Pangeran Yehuwah kaentasake saka ing perapen paleburan wesi, saka ing tanah Mesir, supaya dadia umat kagungane piyambak, kaya kang kelakon ing dina iki.


Marga kowe iku umat kang suci, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe kang dipilih dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing antarane para bangsa kang ana ing salumahing bumi, kadadekake umat kagungane kang kinasihan.


Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.


Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.


Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.


Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan