PANGENTASAN 6:4 - Kitab Sutji4 nanging Ingsun wus mireng uga bab wong-wong Israel anggone ditindhes dening wong Mesir, lan Ingsun enget marang prasetyaningSun. Faic an caibideil |
Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.
Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”