Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:3 - Kitab Sutji

3 Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:3
23 Iomraidhean Croise  

Rama Abram nuli mbedholi tarube kabekta tindak, wasana manggen ing cedhak alas tarbantin ing Mamre caket karo Hebron, ana ing kono banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah.


Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”


Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.


Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.


Rama Yakub banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Gusti Allah Kang Mahakawasa, wus ngatingali aku ana ing Lus ing tanah Kanaan lan mberkahi aku,


Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah, sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, sami gambira lan sukarena.


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang; Yehuwah, yaiku asmane.


Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


“Mulane kawruhana, Ingsun bakal paring sumurup marang para wong iku, sapisan iki Ingsun bakal paring sumurup bab panguwaos lan kasantosaningSun marang para wong iku, supaya padha ngretia, yen asmaningSun Sang Yehuwah.”


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake – Sang Yehuwah iku asmane –:


lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira!


Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun.


Ingsun bakal maringi otot marang sira lan nukulake daging ana ing sira, Ingsun bakal nutupi sira kalawan kulit sarta paring marang sira rohing kauripan, supaya sira padha urip maneh. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Nanging calathune Naomi marang wong-wong mau: “Aku bok aja kokarani Naomi, aranana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan