PANGENTASAN 6:29 - Kitab Sutji29 Nanging Nabi Musa munjuk ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Kawula punika rak boten saged micara, kados pundi Sang Prabu Pringon anggenipun badhe miyarsakaken atur kawula?” Faic an caibideil |
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira ngadega ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono para wong ing sakehe kutha ing Yehuda, kang arep munggah sembahyang ana ing padalemane Sang Yehuwah, padha sira pratelanana sakehing pangandikaningSun marang sira, tumrap wong iku. Aja sira kurangi satembung bae!