Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:27 - Kitab Sutji

27 Nalika Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah Mesir,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:27
12 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine, lan Imam Harun pepilihane.


Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Wis, sira lungaa, mangkata saka ing kene, sira dalah bangsa kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku, padha menyanga ing tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub mangkene: Turunira kang bakal Sunparingi tanah iku –


Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.


Iya iku kang padha munjuk marang Sang Prabu Pringon raja ing Mesir, bab ngirid wong Israel metu saka ing tanah Mesir. Iya Nabi Musa lan Rama Harun iku.


pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah; sira matura marang Pringon, Raja ing Mesir, bab kabeh kang Sundhawuhake marang sira.”


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.


Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, Sunluwari saka ing pangawulan sarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun, sarta Miryam minangka pangarepira?


Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.


Nabi Samuel banjur ngandika marang bangsa iku: “Sang Yehuwah dadia seksi, kang ngangkat Nabi Musa lan Imam Harun lan ngentasake leluhurmu saka ing tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan