Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:23 - Kitab Sutji

23 Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:23
19 Iomraidhean Croise  

Rama Ram peputra Aminadab, lan Rama Aminadab peputra Nahason, panggedhene bani Yehuda.


Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,


“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.


Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.


saka taler Yehuda: Nahason bin Aminadhab;


Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.


Harun lan Eleazar padha timbalana, kairida munggah ing gunung Hor.


Imam Harun tumuli dilukari pangagemane dening Nabi Musa lan diagemake marang kang putra Eleazar; Imam Harun tumuli seda ana ing pucake gunung kono. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur padha tedhak saka ing gunung iku mau.


Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon;


Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.


Imam Eleazar bin Harun iya seda, tumuli disarekake ana ing tetengger ing pagunungan Efraim, kang diparingake marang kang putra Sang Pinehas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan