banjur Senopati Amasia bin Zikhri, kang kalawan legawa masrahake sarirane marang Pangeran Yehuwah, iku mbawahake para prawira rong atus ewu kang gagah prakosa.
Eleazar putrane Rama Harun, njupuk somah salah sawijine anake Putiel, kang banjur nglairake: Pinehas. Iya iku para lajering kula-wargane wong Lewi miturut gotrahe.
Kacarita Korakh bin Yishar bin Kehat bin Lewi sakuthon karo Datan lan Abiram, padha anake Eliab lan On bi Pelet, telu-telune wong Ruben, padha mbalela, ngajak wong-wong,