Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:14 - Kitab Sutji

14 Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:14
17 Iomraidhean Croise  

Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.


Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi.


Iki para kepalaning kulawarga-kulawarga mau: Sang Hefer, Yisei, Eliel, Azriel, Yeremia, Hodawya lan Sang Yahdiel, para wong prawira kang gagah-prakosa, para wong kang misuwur, para kepalaning kulawarga-kulawargane.


Para putrane Rama Ruben, pambajenge Rama Israel, yaiku Henokh, Palu, Hezron lan Karmi.


Rama Tola peputra Uzi, Refaya, Yeriel, Yakhmai, Yibsam lan Samuel, iki padha dadi kepalaning turune Rama Tola, padha wong prawira kang gagah prakosa; manut daftar jamane Sang Prabu Dawud gunggunge turune ana rolikur ewu nem atus.


Para putrane Rama Bela yaiku Ezbon, Uzi, Uziel, Yerimot lan Iri, gunggung lima, padha dadi kepala kulawangsa, padha wong prawira kang gagah prakosa; kang padha kacathet ing sarasilah ana rolikur ewu telung puluh papat.


Iki para turune Rama Ehud – iku padha dadi kepala-kepalaning kulawangsa pendhudhuk Geba kang diboyong marang ing pambuwangan, menyang ing Manahat –:


Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.


Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”


Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,


Turune Rama Simeon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Nemuel iku bani Nemuel; kang saka Rama Yamin iku bani Yamin; kang saka bani Yakhin iku bani Yakhin;


Talere bani Ruben iku wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:


Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.


Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,


Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan