Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:12 - Kitab Sutji

12 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israel lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israel iku padha diirid metu saka ing Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:12
16 Iomraidhean Croise  

Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?”


Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?”


Sang Musa banjur munjuk: “Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangeran Yehuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?”


Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”


Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:


Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”


Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”


Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake! Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi.


wong Mesir, wong Yehuda, wong Edom, bani Amon, wong Moab lan sakehing wong kang cukur rambute ing ngiringan mubeng lan wong kang manggon ing pasamunan, amarga sakehing bangsa ora padha tetak lan satedhak turune Israel iya ora tetakan atine.”


Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe – utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan