Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 6:11 - Kitab Sutji

11 Nanging unjuke Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Lah tiyang Israel piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yen karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kaken ilat kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 6:11
8 Iomraidhean Croise  

Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.”


Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;


kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”


Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”


Awitdene wiwit sowan kawula ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ngunjukaken atur atas asma Paduka, bangsa punika dipun etrapi ingkang awon, mangka Paduka babar-pisan boten ngluwari umat Paduka.”


“Sira sebaa lan matura marang Pringon, raja ing Mesir, supaya nglilanana wong Israel metu saka ing nagarane.”


Nanging Nabi Musa munjuk ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Kawula punika rak boten saged micara, kados pundi Sang Prabu Pringon anggenipun badhe miyarsakaken atur kawula?”


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan