Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:9 - Kitab Sutji

9 Pagaweane wong-wong iku kudu ditambahi abote, nganti gagasane mung tumuju marang pagawean, lan aja nganti katut marang tetembungan kang dora.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:9
8 Iomraidhean Croise  

Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?


Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku? Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?


Para pambereging bangsa mau lan para mandhore nuli padha tutur marang umat: “Dhawuhe Sang Prabu Pringon mangkene: Sira iku wus ora sunparingi damen maneh.


Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.


Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora! Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana,


Nanging sakehe pangandika lan putusaningSun kang wus Sundhawuhake marang abdiningSun para nabi, iku rak wus tumeka ing para leluhurira? Wong-wong iku nuli padha mratobat sarta duwe pangucap mangkene: Kaya kang wus dadi karsane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi anggone nanduki marang aku, miturut laku lan pokalku, iya kaya mangkono Panjenengane anggone nanduki marang kita!”


Celathunira mangkene: “Ngabekti marang Gusti Allah iku ora ana gunane. Pituwase apa ta anggonku netepi pepakone, sarta lumaku kalawan manganggo bagor ana ing ngarsane Yehuwah Gustine sarwa dumadi?


Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan