8 Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.
Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.
Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”