Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:6 - Kitab Sutji

6 Ing dina iku uga Sang Prabu Pringon dhawuh marang para pambereging bangsa iku lan marang mandhor-mandhore wong-wong mau dhewe, mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:6
14 Iomraidhean Croise  

Kajaba iku Sang Prabu Uzia kagungan wadya-bala kang sembada ing perang, kang manawa maju perang kadadekake golongan-golongan manut cacahe wong kang dipengeti dening abdi dalem panitra Yeiel lan abdi dalem juru tata-usaha Maaseya, kang dipanggedheni dening Sang Hananya, salah sawijine tetindhihe perang Sang Prabu.


Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Para pambereging bangsa mau lan para mandhore nuli padha tutur marang umat: “Dhawuhe Sang Prabu Pringon mangkene: Sira iku wus ora sunparingi damen maneh.


Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”


“Bangsa iku anggone gawe bata ora susah diwenehi damen kaya dhek wingi-wingine, kareben padha golek dhewe.


Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.


Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.


Iskak iku Sunparingi Yakub lan Esap; sarta Esap Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke, dene Yakub saanak putune nuli padha lunga menyang ing tanah Mesir.


Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan