Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:4 - Kitab Sutji

4 Nanging Sang Nata ing Mesir ngandika: “He Musa lan Harun, yagene sira padha nindakake kang njalari bangsa iki banjur nglirwakake pagaweane? Lungaa, sira nglakonana pagaweanira dhewe!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:4
8 Iomraidhean Croise  

Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.


Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.


Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.


Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi! Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.”


Nalika iku Imam Amazia, imam ing Betel kongkonan wong seba ing ngarsane Sang Prabu Yerobeam, raja ing Israel, dikon matur: “Amos sampun damel sakuthon badhe mbalela dhateng panjenengan dalem wonten ing tengahipun Israel, nagari punika boten badhe saged tahan dhateng tembung-tembungipun Amos punika.


Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.”


Menggah ing kula sadaya sampun tetela, bilih tiyang punika dados penyakit pes, tiyang ingkang nuwuhaken karuwedan wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagad, saha bilih piyambakipun punika satunggaling pangajengipun golongan tiyang Nasarani.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan