Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:3 - Kitab Sutji

3 Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:3
12 Iomraidhean Croise  

Nalika lagi bae manggon ing kono, wong-wong mau padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mulane Sang Yehuwah nuli ndhatengake singa ana ing satengahe wong-wong iku; ana wong sawetara kang padha dipateni dening singa-singa mau.


Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.


Samubarang kabeh kang adhedhasar dhawuhe Gusti Allahing swarga, iku kaestokna kanthi temen-temen kanggo marang padalemane Gusti Allahing swarga, supaya aja nganti paprentahane Sang Prabu lan para putrane katiban bebendu.


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,


Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas! Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug.


Ingsun bakal nekakake pedhang marang sira, kang bakal nibakake piwales marga saka prasetyan iku; dene samangsa sira ing tembe padha klumpukan ana ing kutha-kuthanira, Ingsun bakal nekakake pageblug ana ing tengahira, lan sira bakal Sunulungake marang tangane mungsuhira.


Sang Yehuwah bakal ndhatengake pageblug pes marang kowe, nganti kowe kasirnakake saka ing tanah kang kokparani lan kokenggoni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan