23 Awitdene wiwit sowan kawula ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ngunjukaken atur atas asma Paduka, bangsa punika dipun etrapi ingkang awon, mangka Paduka babar-pisan boten ngluwari umat Paduka.”
Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh!
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap wong-wong ing Anatot, kang ngarah nyawaku, kanthi celathune: “Aja memeca demi asmane Sang Yehuwah, supaya kowe aja nganti mati dening tanganku!”