Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:22 - Kitab Sutji

22 Nabi Musa banjur wangsul sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, sarta munjuk: “Dhuh Pangeran, kados pundi dene Paduka nandukaken kasangsaran kados makaten dhateng umat punika? Punapaa dene kawula ingkang Paduka utus?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:22
12 Iomraidhean Croise  

Atur wangsulane: “Sanget-sanget anggen kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepengin njabut nyawa kawula.”


Dene panjenengane piyambak lumebet ing pasamunan dohe nganti lakon sedina, nuli lenggah ing sangisoring wit rotem. Panjenengane banjur kepengin seda, unjuke: “Sampun samanten kemawon! Sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula, sabab kawula punika boten langkung sae katimbang para leluhur kawula.”


Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka? Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka.


Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka! Namung kawula badhe kumedah-kedah matur dhumateng Paduka bab kaadilan. Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja, lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawula lan kawula sampun purun kaarih-arih; Paduka punika rosa sanget tumrap kawula, Paduka nunten nelukaken kawula. Kawula dados gegujengan sadinten muput, sadayanipun sami moyoki kawula.


sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah, sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika, lan para ingkang manggen ing Yerusalem klayan pangandika Paduka ingkang makaten: Sira padha oleha tentrem rahayu, mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya!”


Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.


Nuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Kadospundi dene tangkep Paduka dhumateng abdi Paduka kok awon makaten, punapaa kawula boten pikantuk sih-palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula ngantos Paduka paringi tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya?


Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!


Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan