Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:21 - Kitab Sutji

21 banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:21
19 Iomraidhean Croise  

Ibu Sarai tumuli matur marang Rama Abram: “Bab anggenipun nyakitaken manah kula punika, panjenengan ingkang tanggel-jawab, kula sampun ngaturaken rencang estri wau dhateng panjenengan, nanging sapunika sareng rumaos wawrat, kok lajeng nyepelekaken kula. Sang Yehuwah mugi paring kaleresan ing antawisipun kula kaliyan panjenengan.”


Allahe Rama Abraham lan Allahe Rama Nahor lan Allahe kang rama, muga karsaa jumeneng dadi hakim ana ing antara kita.” Yakub banjur sumpah demi Kang Dieringi kang rama Iskak.


Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”


Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.


Bareng bani Amon padha sumurup, manawa pada dadi jalarane disengiti dening Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Hanun lan bani Amon banjur kintun talenta salaka sewu kanggo nyewa kreta lan prajurit marang Aram-Mesopotamia, Aram-Maakha lan marang Aram-Zoba.


sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?


Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”


Ana ing pasamunan kono iku, sagolongane wong Israel banjur padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Rama Harun,


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Mulane bareng kapethuk Nabi Musa lan Rama Harun, kang padha nyegat undure saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon,


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:


Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.


Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,


Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira, lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing, pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan, lan pethiting pabarisane ing sagara kulon, nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger, awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,


sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,


Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”


Mengkono iku sakehe wong Israel banjur padha krungu kabar, yen Sang Prabu Saul wis ngalahake bala Filisti kang ngejegi, lan awit saka iku wong Israel banjur disengiti dening bangsa Filisti. Wong Israel tumuli dikerigake, didhawuhi ndherek Sang Prabu Saul menyang ing Gilgal.


Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan