Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:19 - Kitab Sutji

19 Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:19
6 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki padha mundura! Nyambuta gawe, nanging merang ora bakal diwenehi, ewadene sira padha setora bata padha karo adat-sabene!”


Mulane bareng kapethuk Nabi Musa lan Rama Harun, kang padha nyegat undure saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon,


Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.


Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate, lan bakal melasi marang para abdine, samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatane lan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan