Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:16 - Kitab Sutji

16 Abdi dalem sami boten dipun sukani merang, ewasamanten sami dipun prentahi damel banon, wewah malih abdi dalem mawi dipun gebagi, mangka ingkang lepat punika para kawula dalem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:16
6 Iomraidhean Croise  

Banjur padha rasanan: “Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.


kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”


Jalaran saka iku para mandhor Israel mau padha seba marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ngaturake prakara iku, unjuke: “Para abdi dalem punapaa dene sami panjenengan dalem etrapi kados mekaten?


Nanging pangandikane: “Sira iku wong kesed, wong kesed! Mulane ujarira: Kawula mugi sami kalilana kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.


Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.


Kalairanira iku mangkene: Nalika sira dilairake, puserira ora dikethok lan sira ora didusi nganggo banyu supaya resik; sira uga ora dikosoki nganggo uyah utawa digedhong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan