15 Jalaran saka iku para mandhor Israel mau padha seba marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ngaturake prakara iku, unjuke: “Para abdi dalem punapaa dene sami panjenengan dalem etrapi kados mekaten?
Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.
Para pamberege Sang Prabu Pringon iku padha nggebugi mandhor-mandhor Israel, kang padha diangkat dening wong-wong iku kalawan pangucape: “Yagene ladenmu bata dina iki cacahe ora kaya ladenmu dhek wingi?”
Abdi dalem sami boten dipun sukani merang, ewasamanten sami dipun prentahi damel banon, wewah malih abdi dalem mawi dipun gebagi, mangka ingkang lepat punika para kawula dalem.”