Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:12 - Kitab Sutji

12 Bangsa mau banjur padha pating salebar menyang ing sawratane tanah Mesir perlu golek bonggol gandum kanggo lirune damen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:12
9 Iomraidhean Croise  

Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung, Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka; Paduka nglepasaken latuning bebendu Paduka ingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.


Sira padha goleka damen dhewe, ngendi saolehe, ewadene setoranira ora kena kurang!”


Para pambereg tansah ngatag-atag, pangucape: “Pagaweanmu rampungna, yaiku kewajibanmu sadina, dipadha kaya nalika isih oleh merang!”


Sanyata, wong-wong iku kaya dami kang kaobong ing geni; padha ora bisa ngluwari nyawane saka ing pangwasaning geni; geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak, dudu geni kanggo api-api!


Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami, lan kaya suket aking kang sirna dening geni, kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok, tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu, amarga wong-wong mau wus padha nampik piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.


Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunung kaya kumrasaking kreta, lan kaya perkataking geni kang ngobong dami; kaya bangsa kang kuwat, wadya-balane samekta ing perang.


Bani Yakub bakal dadi geni, bani Yusuf urubing genine dene bani Esap tunggakaning gandum; nuli bakal kaobong lan kamangsa nganti entek, tuwin turune Esap ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, awit Pangeran Yehuwah kang ngandika mangkono.


Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan, bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.


Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan