Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 5:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 5:1
26 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.


Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja, sarta boten badhe kawirangan.


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!


Dene samangsa sira ora gelem nglilani lunga umatingSun, sesuk Ingsun bakal ndhatengake walang ana ing tlatahira.


Ature Nabi Musa: “Kawula badhe sami kesah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler estri dalasan menda saha lembu kawula, awitdene kawula sami badhe damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”


kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”


Nanging unjuke Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Lah tiyang Israel piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yen karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kaken ilat kawula.”


Nalika Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah Mesir,


Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.


Sira ngucapna sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira, lan Harun kakangira, kang banjur matur marang Pringon, supaya nglilanana wong Israel lunga saka ing tanahe.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun: Tekenmu acungna lan sabetna ing lebuning bumi, ing kono lebune bumi iki bakal dadi lemud ana ing sawratane tanah Mesir kabeh.”


Banjur padha nindakake mangkono, Rama Harun ngacungake astane karo tekene, lan nyabet lebuning bumi, tumuli lemud-lemud padha ngroyok marang manungsa lan kewan. Sakehe lebuning bumi tanah Mesir padha dadi lemud.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,


Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon sarta sira matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Ibrani makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun.


Margi saupami panjenengan dalem boten karsa nglilani kesahipun, sarta taksih panjenengan dalem kekahi kemawon,


Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.


Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.


Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.


Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.


Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.


Mulane payo kita padha pista, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kaburusan lan kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan