Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:9 - Kitab Sutji

9 Nuli sira njupuka lenga jebad, Tarub Suci dalah saisine padha sira jebadana; mangkono anggonira nucekake iku dalah sapirantine, satemah padha dadia sengkeran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:9
16 Iomraidhean Croise  

Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.


Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.


misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,


Sawuse mangkono sira gawea platarane mubeng, lan wranane kapasanga ana ing gapurane plataran.


Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksa sira iku ana ing gununging Allah kang suci lan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotya kang mencorong.


Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut lenga jebad, kaagem njebadi Tarub Suci lan saisine kabeh padha disucekake.


Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone ngadegake Tarub Suci, sarta wus dijebadi lan disucekake dalah saprabote, apadene misbyah sapirantine iya wus dijebadi lan disucekake, lan sawuse iku kabeh padha dijebadi lan disucekake,


Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.


kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marang aku dhewe.


Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.


Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan