PANGENTASAN 40:34 - Kitab Sutji34 Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah, Faic an caibideil |
Para juru ngunekake kalasangka lan para juru ngidung mau banjur padha bebarengan ngidungake pepujian lan ngrepekake kidung panuwun konjuk marang Pangeran Yehuwah. Padha ngulukake swarane binarung ing swaraning kalasangka, kecer lan unen-unen liyane kalawan memuji marang Pangeran Yehuwah, pangucape: “Panjenengane iku becik! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.” Ing nalika iku padaleman mau, yaiku padalemaning Yehuwah, kapenuhan ing mega,
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.