Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:3 - Kitab Sutji

3 Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:3
16 Iomraidhean Croise  

Ingsun ora tau manggen ing padaleman wiwit Ingsun ngirid metu wong Israel nganti saprene, nanging Ingsun ngumbara ana ing tarub-tarub, lan ing pasanggrahan-pasanggrahan.


“Sira padha gawea pethi kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta lan dhuwure karotengah asta.


Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”


Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun.


Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,


pethi dalah pikulane, tutup pangruwatan lan gebere aling-aling;


Karomaneh pangandikane Nabi Musa marang sapasamuwane wong Israel kabeh: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah:


Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.


Apamaneh Harun njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, dikepyurna klawan drijine ing dhuwure tutup pangruwatan perangan ngarep, lan anaa sathithik kang dikepyurake klawan drijine ing ngarepe tutup pangruwatan nganti rambah kaping pitu.


Samangsa budhal saka palereban, Harun lan para anake tumuli padha lumebua perlu ngudhunake payone, banjur kagawea nutupi pethi angger-angger,


Ing saburine gubah kang kapindho ana tarube maneh siji kang diarani pasucen kang pinunjul.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan