Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:29 - Kitab Sutji

29 Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:29
15 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu banjur dhawuh supaya misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kasingkirake saka ing ngarepe padalemaning Sang Yehuwah, saka ing antarane misbyah anyar lan padaleman mau, lan supaya kadekekna ing salore misbyah anyar.


Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.


Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.


Misbyahe kurban obaran sira prenahna ana ing sangarepe lawang Tarub Suci yaiku Tarub Pasewakan.


Plataran njero nuli kaukur: iku pesagi, dawane satus asta, ambane uga satus asta; misbyahe ana ing sangareping Padaleman Suci.


Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: pranatan tumrap misbyah iku mangkene: Manawa wus rampung panggawene lan bakal kawiwitan nyaosake kurban obaran ana ing kono sarta bakal nyiramake getih,


Pangeran Yehuwah nimbali Nabi Musa sarta ngandika marang panjenengane saka ing Tarub Pasewakan, dhawuhe:


Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung?


Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.


sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan