25 karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Rama Harun iya banjur tumindak mangkono. Damare padha dipasang madhep marang ing ngarepe padamaran, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa mau.
Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.