Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:2 - Kitab Sutji

2 “Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:2
21 Iomraidhean Croise  

Ingsun ora tau manggen ing padaleman wiwit Ingsun ngirid metu wong Israel nganti saprene, nanging Ingsun ngumbara ana ing tarub-tarub, lan ing pasanggrahan-pasanggrahan.


Ing taun kang kapisane paprentahane, ing sasi kapisan, Sang Prabu dhawuh ngengakake lawang-lawange padalemane Pangeran Yehuwah tuwin didandani.


Ing dina iki kowe padha metu, mbeneri sasi Abib.


Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.


“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.


Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.


Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.


Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”


Saperangane campuran iku kajupuka, banjur kabebaka kang lembut, iku salong kadokokna ana ing ngarepe pethine angger-angger ing Tarub Pasewakan, iya ana ing kono anggoningSun manggihi sira, iku sira anggepa prakara kang suci pinunjul.


yaiku Tarub Suci, payoning Tarub, lan tutuping payon, canthelane lan blabage, kendhite, sakane lan ompake;


Mangkono maneh iya gawe canthelan tembaga seket kanggo nggandheng tendha-tendha mau dadi siji.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa, mangkene:


Misbyahe kurban obaran sira prenahna ana ing sangarepe lawang Tarub Suci yaiku Tarub Pasewakan.


Ing taun kang kaping selawe sawuse aku padha kabuwang yaiku ing wiwitaning taun, ing tanggal sapuluh sasi iku, ing taun kang kaping patbelas sawuse kutha iku katelukake, ing dina iku uga pangwaose Sang Yehuwah nglimputi aku, aku kabekta


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah: “Ing sasi kapisan, tanggal siji sasi iku sira njupuka sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, pasucen iku banjur sucekna.


Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:


Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone ngadegake Tarub Suci, sarta wus dijebadi lan disucekake dalah saprabote, apadene misbyah sapirantine iya wus dijebadi lan disucekake, lan sawuse iku kabeh padha dijebadi lan disucekake,


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan Sinai, ing sasi kapisan taun kang kapindho sawetune saka ing tanah Mesir:


Ing dina madege Tarub Suci, megane tumuli nutupi Tarub Suci, tarube angger-anggering Allah; sarta saben bengi tumeka esuk, mega iku katon kaya geni ana ing sadhuwure Tarub Suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan