19 Tendhaning payon banjur digelar nutupi Tarub Suci, lan banjur ditumpangi singeb payon kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Nabi Musa ngadegake Tarub Suci iku, ompak-ompake kapasang, blabag-blabage kaetrapake, kendhit-kendhite kapasang sarta cagak-cagake kaadegake.
Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.
Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,