Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.
Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,” lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane.
Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.
Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.
Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.
Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.